TENTANG BUDI PEKERTI KEJAWEN

Kawruh Kejawen iku pengertene mujudake "falsafah urip" kanggone wong Jawa. Nanging kanyatane opini masyarakat malah nganggep menawa Kawruh Kejawen iku "aliran kepercayaan" Jawa. Ana uga sing nganggep Kawruh Kejawen iku "agama" Jawa. Kabeh mau jalaran Kawruh Kejawen kang dadi falsafah uripe wong Jawa pancen nyakup pirang-pirang pangerten (ide dasar) babagan urip. Ing antarane pangerten anane Sesembahan, pangerten gumelare jagad saisine, pangerten asal-usule manungsa lan titah dumadi liyane, pangerten sesambungane manungsa karo alam semesta, pangerten utawa tuntunan kanggo uripe manungsa ing donya, laku brata lan pangerten-pangerten urip liyane. Kabeh pangerten mau pancen saemper karo tuntunan utawa ajaran agama. Bedane, Kawruh Kejawen ora duwe "kitab suci" kayadene agama.
Kawruh Kejawen iku asil olah pikir, olah rasa lan olah daya spiritual kang diduweni wong Jawa kawit sepisanan dititahake nganti mengko puputing jaman. Kanthi mangkono, Kawruh Kejawen iku terus owah gingsir anut karo jaman kelakone. Senajan tansah owah gingsir, nanging ana "ide-ide dasar" Kejawen kang angel owah jalaran tuwuh saka hakekating urip kang sejati. Kawruh Kejawen kaya-kayane bisa disejajarake karo "Filsafat Yunani" kang ora ilang musna senajan wis bola-bali dilindhes lan di-kooptasi dening peradaban liyane.
Sejarah peradaban Jawa mono wus lumaku suwe lan wus campur wayuh utawa bersinergi karo peradaban-peradaban liya. Saora-orane ana peradaban gedhe ing donya, "Hindu, Buddha, Islam", sing campur wayuh (bersinergi) karo peradaban Jawa.
Akeh panemu sing nganggep menawa sadurunge agama-agama manca iku mlebu ing Jawa, peradaban Jawa iku peradaban primitif. Kepara malah ana sing nganggep Jawa durung beradab. Jalaran artefak-artefak arkeologi sing mbuktekake Jawa duwe sejarah iku sawise agama Hindu lan Buddha mlebu neng Jawa. Sadurunging mlebune agama-agama saka India iku, diarani “jaman prasejarah” sing isih primitif kabudayane.
Pancen kanyatane ora ana literatur-literatur Jawa asli sing ditemokake. Warisan literatur sing ana wujud prasasti, parwa, kakawin, layang suluk lan serat-serat kapujanggan dudu literatur Jawa asli. Nanging dianggep literatur sinkretisme antarane Hindu-Jawa, Buddha-Jawa, lan Islam-Jawa.
Mula saka iku, kanggo nlusuri utawa napak tilas peradaban Jawa sing asli kudu ngonceki isine literatur-literatur sing dadi bukti sejarah Jawa iku. Pratelan (statement) kang ana ing isine literatur sinkretisme kanyatane akeh sing mbuktekake eksistensi Jawa. Tegese, pratelan utawa statement kasebut ora ana ing peradaban asli asale agama-agama kang mlebu ing Jawa iku. Ing antarane, pratelan "tata penanggalan" ana ing prasasti-prasasti lan kitab kakawin (crita basa Kawi). Disebutake pasangan dina nganggo pasaran, paringkelan, wuku, lan mangsa kepara nuduhake unsur Jawa. Tegese, tata penanggalan kaebut ora ana ing babon asline sing basa Sanskerta. Unsur Jawa liyane sing menjila yaiku anane dewa-dewa Jawa sing ora nyambung babar pisan karo ide "Tri Murti" ana ing agama Hindu.
Sabanjure nalika mlebune Islam ing Jawa, akeh karya sastra wujud "layang suluk" lan "serat-serat kapujanggan". Isine sajak memper ajaran tasawuf Islam. Nanging menawa disetitekake temenan, nyatane ora padha. Akeh unsur kebatinan Jawa sing dicoba digathuk-gathukake karo ajaran Islam. Utawa suwalike, ajaran Islam sing di-Jawa-ake.
Cilaka temenan, akeh ulama Islam sing nganggep "layang suluk" lan "serat kapujanggan" iku ajaran sesat sing kudu dibrantas. Ya ana ing babagan iki Jawa sajake ora duwe greget “melawan”. Jawa anane mung sarwa ngalah sing kelantur-lantur kang wusanane lila legawa kelangan kedaulatan spirituil-e. Manut bae nalika asil kabudayane di-klaim dening para pendakwah agama Islam. Klaim-klaim kasebut antarane: wayang utawa ringgit iku sing nganggit Sunan Giri. Jarwa dhosok utawa othak-athik gathuk saka tembung ringgit: Giri sing nganggit.
Klaim liyane maneh kang nyebutake menawa tembang-tembang Jawa macapat iku yasane para Wali. Jenenge para punakawan (Semar, Gareng, Petruk, Bagong, Togog, Saraita) asale saka tembung-tembung Arab. Tembang “Ilir-ilir” iku karyane Sunan Kalijaga, lan sapanunggalane. Bakune, ngarani (menjastifikasi) Jawa iku bodho lan “tidak beradab”, mula perlu dipinterake lan kudu di-”beradab”-ake nganggo peradaban lan kabudayan saka manca (Islam).
Pangimpun nganggep menawa klaim-klaim kasebut ngawur banget. Lha wong para ngulama Islam iku gethinge setengah mati marang “wayang” tur para wali iku akeh-akehe keturunan Arab (Semit) lan Cina, apa ya bisa nganggit crita wayang lan tembang-tembang macapat ?
Coba dinalar, salagine ngucap basa Jawa lumrah bae mbok menawa ora pati teteh alias pelo. Tangeh lamun menawa bisa nganggit sulukan dhalang utawa cakepan tembang sing migunakake basa Jawa tataran dhuwur. Pokal klaim-klaim-an iku sejatine mujudake ekspresi rasa kaget lan ngungun mangerteni menawa Jawa peradaban lan kabudayane luwih unggul. Mula sacara spirituil Jawa kudu dilindhih sing nganti cures supaya bisa nglebokake peradaban manca ana ing kebatinane wong Jawa. Rekadaya penggerusan de-Jawa-nisasi iku kanyatane pancen wis kasil. Wong Jawa wis ora bisa nyebut asmane sesembahane nganggo basane dhewe, basa Jawa.
Ewa semono, peradaban lan kabudayan Jawa sejatine cukup wulet lan tangguh nalikane dikooptasi peradaban Hindu, Buddha, lan Islam. Malah mbok menawa bae anggone nampa peradaban-peradaban asing kabeh iku, Jawa ora "sepenuh hati". Buktine, senajan peradaban Hindu lan Buddha neng Jawa bisa yasa papan ngibadah umate sing megah kayadene candhi Prambanan lan Borobudur, nyatane ora ninggal komunitas umat Hindu lan Buddha kang signifikan. Mengkono uga senajan akeh wong Jawa sing ngrasuk agama Islam, kanyatane akeh sing ora mudheng karo basa sing diucapake (Arab) nalika manembah marang sesembahane. Apa ora nggumunake? Matur karo sing disembah kok ora ngerti ature dhewe!
Kanyatan menawa sejatine wong Jawa iku angel diowahi basa padinane. Basa Jawa ngoko munggahe sethithik ing krama madya kadhung mbalung sungsum ana ing jero batine wong Jawa. Mula nalika disebari agama Hindu, Buddha lan Islam sejatine mung manut “rubuh-rubuh gedhang”. Bisa ngucap basa Sanskerta, Dewa Nagari (Pali), Kawi lan Arab nanging babar pisan ora mudheng tegese.
Kanyatan babagan basa iki uga bisa kanggo mbantah panganggep menawa nenek-moyange wong Jawa saka Hindia Belakang utawa tlatah liyane ing dharatan Asia. Menawa asale saka Hindia Belakang utawa daratan Asia, mesthine ing kana isih ana komunitas sing basane memper karo basa Jawa. Nyatane ora ana babar pisan. Malah basa Sanskerta sing jarene asale saka India, nyatane ora ana tapak tilase sing menjila ing India kana. Luwih cetha tapak tilase ana ing basa Jawa. Ing kene iku njur tuwuh pitakonan, sejatine tembung basa Sanskerta diadopsi basa Jawa apa suwalike, tembung basa Jawa sing diadopsi basa Sanskerta?
Ing tanah Jawa ditemokake fosil-fosil manusia purba iku mbuktekake menawa ing tanah Jawa wis ana sing ngenggoni wiwit atusan ewu tahun kepungkur, kepara yutanan tahun. Tegese, Jawa iku duwe ras manungsa asli kang mukim ing Jawa kawit ewonan tahun kepungkur. Dudu ras pendatang kayadene panemune para ahli sejarah saka Eropa kang ngandhakake menawa nenek moyange wong Jawa asale saka Hindia Belakang.
Uga bisa kanggo mbantah crita ngayawara kang ngandhakake menawa biyene nusa (pulau) Jawa iku papan kothong sing tansah kompal-kampul ing tengahing segara. Kahanan Jawa sing mangkono iku banjur gawe prihatine Sultan saka Ngerum (Romawi), banjur ngongkon para wong sekti ing negarane (Rum) supaya mantek (memancang, Ind.) pulo Jawa murih anteng ora kompal-kampul maneh. Ujaring kandha, panteke iku wujud Gunung Tidar. Sateruse Sultan Ngerum kongkonan ngisi pulo Jawa kanthi nekakake wong-wong saka dharatan Asia. Crita ngayawara iku disebarake marang wong Jawa kanthi diwenehi judhul: “Jangka Jayabaya” kang babone kitab Musharar asale saka Ngerum (Arab). Nyatane akeh sing percaya, lho !
Mangga dinalar kanthi pikiran wening. Lha wong sejarahe negara Rum utawa Romawi iku kanyatane ora duwe crita bab perahu sing bisa kanggo nglayari samodra gedhe (Lautan Hindia lan Pasific), kok bisa-bisane gawe crita anggone nggawa wong-wong saka dharatan Asia menyang Jawa nganggo kapal sing isine puluhan ewu (laksanan) wong. Tur isih ditambahi sakabehing kewan ingon-ingone.
Semono uga teori sing didhasarake saka gambar relief ing Borobudur iku jarene praune nenek moyang Jawa nalika migrasi saka Hindia Belakang. Lha wong jaman kunane wong India iku babar pisan ora ngerti prau. Ana ing crita Ramayana, salagine saka dharatan India menyang pulo Alengka (Srilangka) iku ora disebut-sebut anane prau. Carane nganggo ngurug segara. Kisah Mahabharata ya ora ana rembuk bab prau utawa kapal. Mula mokal menawa wong India lan Hindia Belakang bisa gawe prau terus dinggo migrasi menyang Jawa. Alesane migrasi besar-besaran (laksanan manungsa) iku bae apa?
Crita kasektene para ngulama (syech) saka Ngerum sing mantek (memancang) pulau Jawa, saya ora klebu nalar. Ana ing kitab-kitab kuna, sing paling sekti dhewe iku Anoman sing bisa mbedhol gunung kanggo ngubur kuwandhane Dasamuka. Ing crita Kitab Suci, mung Nabi Musa sing duwe mukjijad bisa ngesat segara. Ana ing mitologi Yunani, mung turunane para dewa sing bisa mabur. Lha njur para ngulama (syech) Ngerum iku turunane dewa sapa utawa sinebut ing Kitab Suci endi kok sektine ngluwihi para Nabi nganti bisa mantek pulau Jawa?
Bisa uga critane perlu diwalik, malah wong Jawa sejatine sing nganglang jagad tekan ngendi-eendi nganggo prau. Mulane bisa ngukir wujude prau mau ana ing watu candi sing atos banget. Kanyatane, wujud prau kaya ing relief Borobudur iku isih ana ing Jawa (Nusantara). Suwalike ora ana gambar iku ing India, Burma, Thailand, Kamboja. Apamaneh neng negara Timur Tengah (Ngerum) kana. Utawa uga, sejatine malah Jawa dhek jaman kuna biyen dadi sumber utawa pusat peradabane umat manungsa.
Ana kisah kuna kang nyritakake Raja Sulaiman lan Putri Sheba (King Solomon and Princess Sheba). Kasebut menawa umate Raja (Nabi) Sulaiman iku manembahe marang Sesembahane mapan ana ing kuil lan ritual panembahe nganggo ngobong dupa. Dupane nekakake saka negarane Putri Sheba kang ana ing sisih kidul wetan negarane Raja Sulaiman. Dadine banjur cetha menawa asale dupa kanggo keperluwan ritual manembah iku mesthi saka Nuswantara. Jalaran ya mung ing Nuswantara bae ditemokake bahan-bahan kanggo gawe dupa, tlutuh damar (kemenyan) lan kayu cendana. Luwih cetha nalika crita mau digawe filem. Putri Sheba sak anak buahe bisane tekan negarane Raja Sulaiman nggunakake perahu. Cetha menawa Putri Sheba sing pengekspor dupa iku asale saka negara bahari. Saka negara kepulauan sing penere sakidul wetane negarane Nabi Sulaiman. Tlatah iku ora liya ya Nuswantara.
Sateruse diulur nalare, anane ritual ing umate Nabi Sulaiman ana ing kuil nganggo ngobong dupa iku saka dhawuhe Sesembahane, apa asil pamikire para tetuane umat ing kana? Luwih nakal maneh, apa ora malah amarga niru karo bangsa sing ngasilake bahan-bahan dupa kanggo srana manembah?
Cara bodhon bae, genah tatacara manembah nganggo dupa iku mung niru peradaban liya. Jalaran mokal menawa saka dhawuhe Sesembahan utawa asil pamikire para tetua umat ing kana. Masa iya kanggo keperluan manembah saben dina kok kudu disranani dupa sing asale saka negara liya. Apa ya ora banget sing tergantung?
Menawa dinalar luwih jero maneh, anggone niru mesthi saka bangsa sing luwih ngerti gunane dupa kanggo ritual manembah. Mesthine bangsa iku ya duwe asil “sumber daya alam” kang bisa kanggo gawe dupa (menyan). Bangsa sing duwe penghasilan bahan kanggo gawe dupa lan ngerti gunane dupa kanggo ritual manembah iku ora liya bangsa Nuswantara. Luwih cetha maneh menawa bangsa iku bangsa Jawa. Tradisi asli Jawa pancene banget “akrab” karo ritual sing nganggo mbesmi (ngobong) dupa.
Tanah Jawa kanyatane dadi papan sing padhet dienggoni manungsa, nuduhake menawa ana peradabane kang kondusif kanggo berkembang biak tumrape manungsa kang manggon ing Jawa. Mangga dibandhingake karo tlatah liyane ing Indonesia utawa ing donya. Ana panggonan liya sing jenenge perang suku iku nganti seprene isih ana. Mangka jalarane sok mung perkara sepele. Ana sing mung perkara rebutan babi lho!
Ilmu pengetahuan lan teknologi jaman saiki nemokake menawa Jawa iku mapan ana ing wilayah pethuke lempeng-lempeng kulit bumi. Mula Jawa kawit jaman kuna biyen mbok menawa bae asring nampa bencana alam. Mbok menawa uga, Jawa wis makaping-kaping kena gempa lan tsunami sing gedhene ngluwihi kang ana ing Aceh. Saengga Jawa wis makaping-kaping uga kelangan peradabane, lan mung ninggal candhi-candhi sing kawangun pengkuh saka watu.
Manut panalitine para ahli, pegunungan kapur ing saurute pesisir kidul nusa Jawa iku sejatine dhasar laut sing kangkat munggah saka anane pergerakan kulit bumi. Kanthi mangkono, petane nusa Jawa jaman kuna mesthine ora padha karo sing saiki ana. Sapa ngerti menawa biyene candhi Dieng, Prambanan, lan Borobudur iku manggon ing cedhake segara?
Lumrahe mono peradaban sing maju ing Nuswantara pancen ana ing cedhak segara. Jalaran Nuswantara iku tlatah kepulauan (bahari), kawit biyen mesthine pusat peradabane cedhak ing segara. Saupamane bener menawa peradaban Jawa sing maju nganti bisa gawe candhi-candhi iku tekane saka manca, mesthine ya diwiwiti sing cedhak segara, ora njujug ing pedalaman. Kamangka anane petilasan peradaban kuna ing Jawa iku akeh-akehe ing pedalaman. Buktine, peninggalan candhi-candhi ing Jawa akeh-akehe wis rusak lan kependhem neng jero lemah. Sing isih wutuh mung candhi-candhi sing mapan ing pegunungan (pedalaman). Semono uga ora ninggalake komunitas umat Hindu lan Buddha sing menjila (signifikan). Kaya-kayane peradaban Hindu lan Buddha ing Jawa musna ilang ngono bae. Menawa dinalar kahanan sing nyebabake ilange peradaban iku mung bencana alam sing gedhe banget. Bisa uga biyen-biyene Jawa wis duwe peradaban sing tingkat tinggi, banjur kena tsunami gedhe saengga
ngilangake peradaban kang wis ana. Sing keri mung bangunan papan manembah wujud candhi-candhi. Thukul maneh peradaban kang anyar, terus kena bencana maneh. Mengkono terus-terusan wiwit ewonan taun kepungkur.
Bener lan orane wacana ing ndhuwur iku, pangimpun ora bisa matur dawa. Amung bae ana sing narik kawigaten, yaiku gampange Jawa nampa peradaban saka manca, nanging kaya-kayane uga gampang banget anggone ninggalake. Fenomena sing mangkene iki nuwuhake panduga, menawa Jawa anggone nampa peradaban saka manca sejatine amung lamis. Utawa nganggo ukara liya, peradaban manca sing nga-Jawa jan-jane ora bisa rumasuk ing jero kebatinane wong Jawa. Apa sebabe?
Salah siji penyebabe, Jawa pancen wis duwe peradaban lan tata peradaban dhewe sing luwih trep kanggone wong Jawa. Nampane peradaban liya menawa peradaban mau gelem diwayuh lan dibesut supaya cocok kanggone wong Jawa. Menawa ngeyel ora gelem di-Jawa-ake banjur padha ditinggal. Mbok menawa bae pancen mangkono kang kedadeyan tumrap peradaban Hindu lan Buddha ing jaman biyen.
Sejatine peradaban Hindu lan Buddha wis ditampa Jawa lan digawe maju banget saengga ing Jawa ing antarane abad 6-7 Masehi kondhang dadi papan sinaune para pendhita agama Buddha sadonya. Kesuwure pawiyatan (universitas) Buddha Hinayana ing Jawa cinathet ing kisah perjalanane pendhita-pendhita Cina sing meguru ing Jawa. Mangga dibandhingake karo unen-unen Arab (ana sing nyebut Hadis Nabi), “Carilah ilmu meskipun sampai negeri Cina”. Lhoh ! Kok jaman populere unen-unen Arab iki pas wektune para pendhita Buddha ing Cina padha ngangsu kawruh neng Jawa. Njur priye nalare? Wong Arab dikongkon ngangsu kawruh menyang Cina, wong Cina dhewe (sing pinunjul) malah meguru menyang Jawa. Konyol temenan, ‘ndhadung kepuntir’, wong Jawa jaman saiki malah padha kepingin dadi wong Arab.
Manut bukti sejarah, sejatine Jawa nate unggul ing peradabane umat manungsa. Sing perlu digoleki peradaban Jawa sing unggul iku sing kepriye. Kanggo napak tilas peradaban Jawa bisa nyimak peradaban Bali kang sejatine mujudake pelestarian peradaban Majapahit kang asale saka Jawa. Nganti wektu iki Bali iku banget digandrungi wong-wong saindhenge donya. Nyatane Bali pancen duwe “kearifan” kang bisa nggeterake atine sakabehing manungsa. Nalika kelompoke Imam Samodra lan Amrozy ngebom Bali, masyarakat Bali malah nutup bencana kang ngisin-isini iku nganggo upacara tradisi kang isine: “memaafkan”. Tingkat kearifan sing ora bisa diremehake. Kamangka asline tradisi kaya ing Bali iku biyene asale saka Majapahit utawa Jawa. Mangga disurasa dhewe-dhewe.
Kanyatane Jawa pancen duwe "peradaban" lan "tata peradaban" asli kang selaras karo kapercayane sing didhasari "kesadaran religius", "kesadaran kosmis", lan “kesadaran keberadaban”. Kesadaran-kesadaran kasebut landhesane ora liya keberadaban umat manungsa. Marga ya mung manungsa sing beradab kang nduweni kesadaran religius, kesadaran kosmis lan kesadaran jejibahaning urip.
Kanggo mbuktekake panemu kasebut, mangga padha bawarasa lan napak tilas falsafah Jawa kang menehi tuntunan lan pangerten babagan:
1.Sistim Religi & Mitologi Jawa
2.Sistim Sosial & Tata Peradaban Jawa
3.Piwulang Kautaman (Budi Pekerti Luhur)
4.Tata Penanggalan Jawa
5.Laku Budaya & Seni Budaya Jawa
6.Basa, Sastra, lan Carakan
Pangerten utawa pemahaman Jawa kasebut ndhuwur bisa kanggo nlusuri amrih ketemune peradaban lan tata peradaban Jawa sing asli. Sawise ketemu, banjur direkonstruksi lan digawe paparan diskripsi-ne sing cetha lan gampang dimangerteni dening generasi Jawa jaman iki lan jaman mengkone. Iya saka rekadaya kang mangkene iki bisane ngilangi konotasi negatif Jawa iku identik karo klenik, tahayul, lan sapanunggalane.



( SUMBER ) KSM – Yayasan Sekar Jagad.

CERITA-CERITA KISAH YANG LAMA

Mengenai Saya

Foto saya
yogya, yogyakarta, Indonesia
wiraswastawan...